SOAL ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA BAB RAMAYANA.DOCX

SOAL ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA BAB RAMAYANA

 

A.   Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan jawaban kang bener antarane pilihan (a), (b), (c), utawa (d)!

Wacan iki kanggo nomer 1-3

Text Box: ANOMAN DUTA
Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora  dirawati, gimbal campur kisma. Lamat-lamat kapiyarsa  pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.

1.         Tembung kang kacithak miring ana ing ukara kapisan tegese. . . .

a.      Wulan                                                       c.  srengenge

b.      Lintang                                                     d.  lemah

2.         Miturut wacan ing dhuwur, cerita mau kadadeyan ing wanci. . . .

a.      Esuk                                                         c.  sore

b.      Mbengi                                                     d.  awan

3.         Gelungane lukar nora  dirawati, gimbal campur kisma.

Ukara ing nduwur iku duwe teges. . . .

a.      Gelunge rapi endah disawang.

b.      Gelunge mosak-masik nanging resik.

c.      Gelunge mosak-masik kacampuran lemah.

d.      Gelunge mosak-masik sanadyan dirumati.

 

 Baca Juga : KLIPING OLAHRAGA BAGIAN 2

Baca Juga : MAKALAH SEPAK BOLA.DOCX (TINGGAL CETAK) / MAKALAH SEPAK BOLA.PDF

Wacan iki kanggo nomer 4-7

Text Box: LELABUHANE JATHAYU

Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.
Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangane Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah. 
Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati.

4.         Sapa wae paraga kang ana ing wacan ing ndhuwur?

a.      Jathayu, Dewi Sinta, Prabu Rama, Raja Desarata.

b.      Jathayu, Dewi Sinta, Raden Arjuna, Prabu Rama.

c.      Dewi Sinta, Prabu Rama, Raden Gathotkaca, Raden Lesmana

d.      Dewi Sinta, Prabu Rama, Jathayu, Raden Lesmana

5.         Sapa sing wadul marang Rama yen Sinta diculik?

a.      Raden Lesmana                                     c.  Prabu Desarata

b.      Jathayu                                                    d.  Rahwana

6.         Ana ngendi prastawa ing ndhuwur iku kedadeyan?

a.      Alas Dandaka                                         c.  Negeri Pancawati

b.      Nagari Alengka                                      d.  Alas Wanapraja

7.         Pitutur kang bisa kajupuk saka Resi Jatayu yaiku. . . .

a.      Dhewe aja seneng tetulung marang wong liya amarga mung gawe rugi awake dhewe.

b.      Awake dhewe kudu tansah gelem aweh pitulungan marang sapa bae kang mbutuhake.

c.      Ora perlu nggatekake kesusahane wong liya amarga iku udu urusane dhewe.

d.      Aweh pitulungan yen iku bakal gawe kepenak marang awake dhewe.

8.         Ramayana iku crita pewayangan kang isine ngenani. . . .

a.      Pandhawa lan Kurawa                          c.  Rama, Sinta, lan Rahwana

b.      Anoman lan Kurawa                              d.  Rama, Pandhawa, lan Anoman

9.         Kang dadi rajaning peksi yaiku. . . , yen sing dadi rajaning wanara yaiku. . . .

a.      Jathayu, Anoman                                   c.  Anoman, Jathayu

b.      Jathayu, Lesmana                                  d.  Lesmana, Jathayu

10.      Prabu Rahwana kuwi duwe ajian Pancasona kang ndadekake dheweke bisa urip maneh nalika kena. . . .

a.      tirta                                                            c.  siti

b.      arga                                                          d.  samodra


lINK DOWNLOADNYA :

SOAL ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA BAB RAMAYANA.DOCX 

Comments