SOAL ULANGAN HARIAN BAB LEGENDA (BAHASA JAWA) TINGGAL CETAK

 SEPERTI BIASA DISINI HANYA BERISI SEBAGIAN,

UNTUK LENGKAPNYA SILAHKAN DOWNLOAD LINKNYA DIBAWAH DARI POSTINGAN INI!!


ULANGAN HARIAN

Mata Pelajaran : Basa Jawa

 

1.        Legendha yaiku . . . .

a.       Cerita ngenani dumadine papan panggonan

b.      Cerita ngenani alam lelembut

c.       Cerita ngenani kewan

d.      Cerita ngenani raja-raja

2.        Ing ngisor iki kang kalebu legendha ing wilayah Banyumas yaiku . . . .

a.       Baturaden, Rawa Pening, Timun Mas, Ramayana

b.      Baturaden, Rawa Pening, Dumadine Semarang

c.       Baturaden, Gua Lawa, Dumadine Banyumas

d.      Gua Lawa, Baturaden, Timun mas

3.        Putri Rara Jonggrang iku sulistya ing warna.

Tembung sulistya ing warna kang ana ing ukara kasebut tegese. . . .

a.       akeh warnane                                                c.  pinter

b.      ayu rupane                                                    d.  sabar atine

 

Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 4-7

Baturaden iku papan wisata kang ana ing tlatah Purwokerto, Banyumas, Jawa Tengah. Mujudake papan wisata kang kawentar ana ing perenge Gunung Slamet. Papan rekreasi Baturaden iki nduweni kaluwihan menawa dibandhingake karo papan wisata liyane. Kaluwihan papan wisata Baturaden yaiku saka anane sumber banyu panas sarta kalengkapan papan wisatane. Kayata bumi pakemahan, sasana patirahan kanggo bocah-bocah, hutan wisata, uga kolam renang.

4.        Wacan ing dhuwur nyritakake apa?

a.       Papan wisata Baturaden                               c.  Dumadine Baturaden

b.      Kekurangan papan wisata Baturaden           d.  Sejarah Baturaden

5.        Miturut wacan ing nduwur, Gunung Slamet mapan ing propinsi. . . .

a.       Jawa Timur                                                   c.  Jawa Barat

b.      Jawa Tengah                                                 d.  Bali

6.        Miturut wacan ing dhuwur, kaluwihan Baturaden saka papan wisata liyane yaiku. . . .

a.       Nduweni pemandangan kang endah

b.      Biaya mlebu kang murah

c.       Papan kang gampang diparani saka endi wae

d.      Baturaden duweni sumber banyu panas, bumi pakemahan, sasana patirahan kanggo bocah-bocah, hutan wisata, uga kolam renang.

7.        Ukara ing ngisor kang bisa makili wacan ing dhuwur yaiku. . . .

a.       Baturaden iku papan wisata ing perenge Gunung Slamet, Jawa Tengah kang nduweni akeh kaluwihan.

b.      Baturaden iku papan wisata kang mapan ing perenge Gunung Slamet, dadi gampang diparani saka endi wae.

c.       Baturaden iku papan wisata kang murah biaya mlebune.

d.      Baturaden iku papan wisata kasenengane wong akeh.


link downloadnya :

SOAL ULANGAN HARIAN BAB LEGENDHA (BAHASA JAWA)

Comments

Post a Comment